Dina-dina iki, padhe Piter
(PP) krasa awake lungkrah amarga bubar panen pari. Lumayan lah kanggo nyukupi
kabutuhan sadina-dina. Mas Paul (MP) sing ngerti, yen pakdhene lagi bubar panen
ya melu seneng.
MP : kepriye
pakdhe, hasil panenane taun iki, akeh apa sithik?
PP : Wah
ya lumayan, mas! Tapi ya luwih sithik katimbang taun wingi. Ning aku ya tetep
maturnuwun marang Gusti koq, wong ya sadrema nglampahi apa sing dadi pakaryane
Gusti kanggo aku.
MP : Siiipppp,
pakdhe! maturnuwun kuwi wis dadi sesanggemane dhewe sing paling utama. Yen
awake dhewe nduweni rasa atur panuwun ki le nglakoni urip ya entheng.
PP : Bener,
mas! Mulane kuwi, sabisa-bisane aku maturnuwun marang Gusti, bab apa bae,
supaya aku dadi wong sing enthengan: enthengan kanggo pepadha, enthengan kanggo
Greja, ngunu.
MP : Weeee….berarti
sing ora gelem cawe-cawe marang pepadha lan Pasamuwan tegesa wong sing ra duwe
rasa atur panuwun, nu pakdhe?
PP : Ya
mesti ae, mas! Wong sing ra tau cawe-cawe ki, mesti sing dipikirke mung
kabutuhane dhewe utawa kasenengane dhewe.
MP : Wooooo…begitu
ta, untung aku ki ya termasuk sing enthengan; menyang greja saben minggu ya
sregep, latian kor ya sregep, sembahyangan ya sregep, rapat-rapat ya sregep.
PP : Ya
apik kuwi, mas! Kuwi tegese awake dhewe percaya yen Gusti kuwi maringi
kaluwihan marang awake dhewe ing bab apa bae: yo pangandel, pamicara, kawruh,
kagiatan lan katresnan; saengga awake dhewe ya ra tau ngresula anggone tansah
cawe-cawe ing madyaning gesang iki.
MP : yupiiii…pakdhe!
aku percaya koq, yen Gusti kuwi ora sare, tansah maringi apa sing dadi kabutuhanku.
PP : Yooo…muga-muga
mas, anggone cawe-cawe iki, awake dhewe sangsaya nduweni kapitadosan sing
sangsaya lebet marang Gusti. Lan kanthi mangkono ora mung awake dhewe sing
urip, ananging Pasamuwan ya sangsaya urip, masyarakat ya sangsaya maju.
MP : Setuju….pakdhe!!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar