Kamis, 29 November 2012

URIP BARENG SANG KRISTUS

Mas Paul (MP) ngrumangsani yèn sadina-dina, prayata uripé adoh saka Sang Kristus, malah kepara Sang Kristus, sing dadi pokok, malah ora dadi pokoking urip. Iki dirasakaké mas Paul rikala ngèlingi wektu sing dipigunakaké ing sadina-dinané. Pakdhé Piter (PP) sing ngrungu curhaté mas Paul uga ngrasakaké sing padha.
MP  :  Pakdhé, awaké dhéwé iki pandhèrèk Dalem Sang Kristus, sacara téori ngerti apa sing kudu ditindakaké, yaiku urip nunggil ing Sang Kristus, kaya para murid dhèk mbiyèn.
PP   :  Ya bener kwi mas, pancèn kuduné ngono, luwih-luwih, kaya para murid sing tansah nunggil Gusti kang wungu mulya.
MP  :  Tapi…..apa ya nyatané ngono, pakdhé ?
PP   :  Ya iyalah, mas ! nèk gak nunggal Sang Kristus, awaké dhéwé ora bisa awoh sing apik, anggoné awoh mesti èlèk kabèh, gitu. Apa manèh yèn ucul saka Sang Kristus, mesti njur garing mekingking, let sedéla mati kaya pangadika Dalem dina iki, mas !
MP  :  Tegesé, pakdhé ?
PP   :  Ya artiné, yèn awaké dhéwé ora nunggal Sang Kristus, awaké dhéwé ora urip sing sejati. Uripé garing, ora nemu begja sing langgeng, gitu.
MP  :  Berarti, yèn awaké dhéwé sugih, sugihé ora gawé tentrem, ngono ? utawa yèn awaké dhéwé lagi nampa sesanggèn, marakaké atiné dhéwé was sumelang, kepara tumiba ing dosa, ngono po, pakdhé ?
PP   :  Mangkané, mas ! ngudia urip tansah nunggal Sang Kristus.
MP  :  piye carané, pakdhé ? jané ya uwis jé.
PP   :  ya diétung baé : 24 jam uripmu sedina ki nggo apa utawa sapa baé ?
MP  :  Maksudé, pakdhé ?
PP   :  maksudé, 24 jam uripmu kuwi, pirang jam kanggo ketemu Gusti Yésus, wawan atur gitu ? pirang jam kanggo kasenenganmu dhéwé ? pirang jam kanggo brayatmu ? pirang jam kanggo gawéanmu ? lan sapituruté ?
MP  :  Berarti yèn urip nunggal Sang Kristus kuwi, tandané ana wektu pirang jam sing dipigunakaké kanggo ketemu, srawung raket karo Sang Kristus, ngono yo pakdhé ?
PP   :  Betuuul banget, mas ! lha piyé bisané nunggal yèn ora tau wanuh to ? piyé gelemé nunggal yèn ora tau omong-omongan, ra gelem kenal, ora gelem ketemu ?
MP  :  hehehe…iyo yo, pakdhé ? wah, lha sedina ki kaya-kayané, aku malah jarang nemoni Sang Kristus, jé. Piyé jal ?
PP   :  Ya cethaa artiné to mas ??
------------------------------------
«Buah dari perenungan adalah DOA. Buah dari doa adalah IMAN. Buah dari iman adalah CINTA. Buah dari cinta adalah PELAYANAN. Buah dari pelayanan adalah KEDAMAIAN.” (Bunda Teresa)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar