Mas Paul (MP) lan pakdhé Piter (PP) sabrayat padha gegancangan tindak
gréja saperlu nampa awu, pratandha pamartobat sing agawé lilihipung Gusti
marang manungsa sing dosa. Karo-karoné padha semangat, biasané tindak é gréja baé
ngepas wektuné, dina iki luwih gasik, ngetokaké sepiro gedhéné semangat lan
pangarep-arep.
MP : pakdhe, muga-muga tandhane
awu nang bathukku, ora kandel, luwih apik yen aja ngasik ketok...lha isin je.
PP : woalah...mas! mas!
Jiiiannn....mosok yo setaun pisan dicoreng nggo awu koq isin, ilang ngganthenge
yo?
MP : ya iyalah, pakdhe! lha
mangkat nang ngreja mau aku wis adus ping pitu je, ben resiiikk tur wangi, ben
gadis-gadis pada kepencut aq. Lha rung payu-payu ki?
PP : mas..! mas..!! nek awake
diregeti, ora gelem, coba yen ngregeti ati, ngregeti pikiran, ngregeti sukmane
dhewe, malah padha semangat!!
MP : maksude pakdhe??
PP : yen awake dhewe gawe dosa,
khan padha karo ngregeti jiwane awake dhewe to? Mulane awake dhewe nampa awu ki
kanggo ngelingake yen badan iki reget wae ora kepenak, ora nyaman, kudu
diresiki saben dina, kepara esuk sore. Apa maneh jiwane awake dhewe, mas??
Kapan kowe ngedusi jiwamu?
MP : hehehe.....aku wis
mataun-taun ora nampa ngaku dosa je, pakdhe!!
PP : mulane kuwi mas! Badanmu
ketok sehat, perkasa, kepara nggantheng, tapi jiwamu??? Wis klebu lansia kepara
kudu diminyak suci marga ngancik sakratul maut, kari disembahyangke wong liya.
MP : wah ya, aja ngunu kuwi
pakdhe!
PP : Lha yen ora ngunu, njur kepriye, mas? Ngaku dosa ora tau,
sembahyang pribadi yo yen lagi gelem, nampa sakramen, yo mung sakepenake, apa
ya sehat kuwi jiwane?
MP : yaaaa...jane bener, pakdhe
pangandikamu! Tapi.....
PP : tapi apa mas? Mumpung kowe
iseh enom, jane luwih becik maneh wis kawit mbiyen isih cilik, openana jiwa lan
ragamu: jiwamu mlaku tekan swarga, ragamu kanggo mlaku mungkasi donya, gitu.
MP : hehe....iya ya, pakdhe!!
PP : mulane wiwit Rebo awu iki,
lan sateruse, mirunggane mangsa prapaskah, dadi wektu kanggone awake dhewe
mbangun kekuwatan supaya bisa laras karo sing wis ditindakake Gusti Yesus,
nggegulang iman kanthi sembahyang sing akeh, pasa lan sesirik sing teratur, lan
tumindak becik kanthi tulus marang sapa bae.
MP : ngunu, yo pakdhe, yo?
PP : ya kuwi tandhane wong
katulik sejati. Yen aku ngarani nganggo tembung liya, wong katulik sejati kudu
“metu”, kudu “ngetok”, sing ateges orang mikir awake dhewe ananging mikir wong
liya, ora nimbang mung kanggo becike dhewe nanging kanggo becike wong akeh.
Mulane refren, “terlibat berbagi berkat” kuwi pas banget kanggo ngelingake
awake dhewe mujudake wong katulik sejati.
MP : muga-muga, yo pakdhe!
berkah Dalem Gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar