Ngancik
mangsa prapaskah, pakdhe Pitter (PP) lagi nimbang-nimbang tanggungjawabe dadi
bapak ana ing brayat, luwih-luwih anggone mulan anak sacara katulik sejati. Mas
Paul (PP) sing weruh ulate pakdhe Piter banjur marani.
MP : weh,
saking pundi pakdhe??
PP : ki
bar bae ngajari anakku nunggang motor? Lha mbesuk wis meh mlebu SMP, je!
MP : walah….meh
ditumbaske motor, po pakdhe!
PP : ya,
rencanane gitu, mas! Lha njaluk je, mosok bapak sing tresna karo anak, ra
nukokake, ta?
MP : apa
kudu ngono, to pakdhe? nresnani kuwi ateges sapanjaluke anak kudu dituruti?
PP : lha
piye maneh, mas! Bisaku mung ngono, je? Ngajari sembahyang, aku dhewe yo ora
tau sembahyang. Meh ngajak sembahyangan lingkungan, aku dhewe ya mung
kadhangkala. Meh dakjak misa harian, aku dhewe ya durung duwe krenteg, gitu.
Bisaku ya lagi iki, nyeneng-nyenengke anak.
MP : woooooo………mulane,
lha iki mau jane khan misa lingkungan to, pakdhe! lha dakbatin, iki padhe
pitter, wong lingkungane ana misa, koq malah ngajari anak nunggang motor,
kepriben to kuwi.
PP : weeee….ana
misa lingkungan, to mas iki mau? Waduh…maap maap, aku blass ra ngerti je.
MP : welah,
khan neng jadwal lingkungan ya ana, nang nggreja ya diumumake, mosok ra ngerti
blass??
PP : lhaa…dhek
minggu aku ra mangkat je, mburu butuh, lagi panen gitu. Apa maneh udane medeni.
MP : woooo…yo
pantes nek ngono. Mulane anak malah diajari kaya mengkono, ora diajari urip
karohanen sing mapan.
PP : lha
aku ki mung wong jubluk, wong bodho mas!
MP : lha
nek ngrumangsani ngono, ya sinau, pakdhe! yen ora sinau ya, aja nganti anakmu
dadi kaya bapakne, dadi bodho ing babagan karohanen.
PP : iyo
yo mas!
MP : waosan-waosan
dina iki, ngelingke aku panjenengan, yen nresnani anak kuwi, ora ateges
mung mburu apa sing agawe anak seneng,
ananging kepriye pakdhe dhewe jejere bapak bisa sangsaya mujudake diri dadi
bapak sing kristiani kanggo anak-anak, ora malah ngedohake anak karo Gusti.
PP : njur,
kepriye, mas??
MP : yen
pakdhe kuwi pancen nresnani anak, ya kudune dibombong melu PIA, melu misdinar,
utawa kumpulan bocah-bocah, supaya sangsaya bisa cedhak karo Gusti. Yen perlu,
ndampingi bocah-bocah kabeh, dikumpulake, dijak sembahyangan, dijak
kegiatan-kegiatan karohanen. Cucul duwit ya rapapa, lha wong cucul pulsa wae
ora etungan koq, mosok meh cucul supaya anak cedhak karo Gusti, malah etungan.
PP : wahh….ya
aja mengkono, mas! Ya dakcobane yo, mas! Muga-muga aku bisa, lan iki bisa dadi
tandha pamartobatku sing sejati.
MP : amiiiinnn…pakdhe!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar