Kamis, 29 November 2012

NATANING ALAM SAWEGUNG

Miwiti sasi Suro, pakdhe Pitter (PP) ora lali anggone mijekake sasi iki kanggo njamasi kerise, padha karo masarakat liya liyane sing nganggep sasi suro dadi sasi wingit, ananging uga dadi sasi kanggo ngalap berkah. Mas Paul (MP) bae nglegakake menyang solo pas malem suro, mbokmenawa bisa antuk tlethong e Bule turunane kyai slamet.
MP  :  Berkah Dalem pakdhe! piye dek malem sura tindak solo mboten?
PP   :  Lha yo mesti bae nu mas. Wong ya setaun mung pisan thok koq. Banjur esuke aku njamasi keris warisane mbah buyut.
MP  :  Weee duwe keris barang to, pakdhe? mbok aku njaluk?
PP   :  Wee…ora sembarangan mas nduweni keris kuwi, kudu wani prihatin, yen ora kuwat malah dadi piala.
MP  :  Badalah, lha emange ngapa, pakdhe? Apa keris kuwi isa malati?
PP   :  Lha ya khan ana aturan maine, yen ora bisa kanthi setya tindakake bisa malah dadi memala: bisa marai lara, ora begja lan sapiturute.
MP  :  Waduw….ya ngeri nu pakdhe, nduweni keris kuwi.
PP   :  Mulane kuwi, mas! Saben Jemuwah Kliwon kudu dipakani, saben sura dijamasi we ya ora mung dikumbah nggo banyu, ananing ya ana tata upacarane gitu.
MP  :  Walaah….koq ya susah nu pakdhe? lha nek njur da kungkum nang mbelik, utawa gawe sajen nggo watu gedhe, wit gedhe, tempuran, lan liya-liyane kae, apa ya termasuk lakune duwe keris, pakdhe?
PP   :  Ya nek kuwi bisa iya, bisa uga ora, ning sing baku papan-papan ngunu kuwi biasane dipracaya yen ana sing tunggu, banjur da sowan, nyenyuwun supaya pandongane dikabulake.
MP  :  Walah…..njur sapa sing tunggu pakdhe?
PP   :  hehehe….ya macem-macem mas!
MP  :  Wah…wah…ya elok tenan ya, pakdhe! bisa-bisane pengaruhe nganti bisa agawe wong tumindak ngunu ya, tanpa dipeksa, tanpa diprentah, gelem kungkum sewengi natas, gelem golek sarat-sarat sing ora gampang kanggo sajen, makani keris lan njamasi ora tau lali, supaya bisa slamet.
PP   :  elok banget mas! Coba saiki dibayangke, yen Gusti Yesus, Nataning Alam Sawegung ki le da bekti nganti ngono kuwi.
MP  :  Hehehe…..khan Gusti Yesus durung dadi Nataning alam sawegung, pakdhe? lha wong keris bae durung dikuwasani Gusti Yesus, papan-papan wingit kae ya durung koq. Piye jal?
PP        :           hmmm…..maksude apa mas kuwi?

1 komentar:

  1. kula ndherek bingah kemawon nggih pakdhe mrisani blog njenengan sakpunika. Berkah dalem

    BalasHapus